Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang/dibedhek.
Mula ana sing ngarani cangkriman iku bedhekan. Cangkriman kudu dibedhek (ditebak) amarga tetembungan mau nduweni teges ora salugune.
Cangkriman Wancahan yaiku cangkriman kang awujud wewancahaning tembung-tembung. Wancah tegese cekak lan wancahan tegese cekakan. Cangkriman Wancahan lumrahe utawa biyasane dijupuk saka wanda mburi dhewe.
Tuladha Cangkriman Wancahan
1. Mbok siyah- lombok, trasi, lan uyah
2. Singa lunga ngaji - siji sanga telu sanga sanga siji (193991)
3. Cing cing go ling - wis cincing-cincing, tetep nggoling
4. Mbah ringgo - dikumbah, garing, dienggo
5. Racik terbang - swara becik pinter nembang
6. Pipiru, ndhangdhangmoh, thongthongjur - sapi-sapine kuru, kandhange amoh, tlethonge ajur
7. Gowang pelot - jagone ana lawang, cempene mencolot
8. Burnas kopen - bubur panas kokopen
9. Ling cik tu tu ling ling yu - maling mancik watu, watu nggoling maling mlayu
10. Buta buri - tebu ditata mlebu lori
11. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot - klobot ginawa entheng, gentheng ginawa abot
12. Gerbong tulis - pagere kobong watune menthelis
13. Gamoh thuwet - paga amoh, munthu awet
14. Kablok ketan - nangka ceblok ning suketan
15. Kaba ketan - nangka tiba ning suketan
16. Kicak ketan - kaki macak iket-iketan
17. Kilcang kundhik - sikile pincang yen mlaku rindhik
18. Langdikum ditasbir - lulang dikum dientas njebibir
19. Linggok sunder - maling menggok, asune nyander
20. Manuk biru - pamane punuk bibine kuru
21. Pak boletus - tapak kebo lelene satus
22. Pak bomba pak lawa pak piyut - tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyut
23. Pindhang kutut - sapi mblandhang lukune katut
24. Rangsinyu muksitu - jurang isi banyu gumuk isi watu
25. Segara beldhes - segane pera sambele pedhes
26. Suru bregitu - asu turu dibregi watu
27. Surles penen - susur teles pepenen
28. Surles pedheg wer-weran - susur teles dipepe nang gedheg jewer-jeweran
29. Teh nasgithel - teh panas, legi, lan kenthel
30. Thokji mbiji - kathok siji klambi siji
31. Tulas kerda - watu alas disengker Walanda
32. Tuwan sinyo - untu kedawan gusi menyonyo
33. Tuwok rawan - untune krowok larane ora karuwan
34. Tongyong rengreng - gotong royong bareng-bareng
35. Wit dhuyung - yen dijiwit adhuh biyung
36. Wiwawite lesbadhonge karwapete - uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipete
37. Yu mahe rong, lut mahe ndhut - yuyu omahe ngerong, welut omahe endhut
38. Yu kil pet rung, kul tu na tu - mlayu sikil kesrimpet sarung, dhengkul tatu kena watu