TEMBUNG YOGYASWARA
Asale Tembung Yogya tegese apik, becik, prayoga, patut
Swara tegese uni
Yogyaswara ateges swara apik utawa swara kang kepenak dirungokake.
Tembung Yogyaswara yaiku rong tembung kang digandheng dadi siji kanthi teges Lanang wadon.
Titikane :
1. Ngrangkep rong tembung dadi siji
2. Nduweni teges Lanang Lan wadon
3. Tembung sing ngarep tiba swara 'a' lan sing mburi tiba swara 'i‘
4. Yen salah sijine tembung diilangi, tetep nduweni teges
5. Pangucap lan panulise meh padha
Tuladha Tembung Yogyaswara :
Putra putri - anak lanang lan anak wadon
Siswa siswi - murid lanang lan murid wadon
Raseksa raseksi – buta lanang lan buta wadon
Dewa dewi - dewa Lanang Lan Dewa wadon
Mudha mudhi - cah nom lanang lan cah nom wadon
Gandarwa gandarwi - dewa lanang lan dewa wadon
Bathara bathari - dewa lanang lan dewa
Hapsara hapsari - bidadari lanang lan bidadari wadon
Kedhana kedhini - anak loro lanang lan wadon
Ora kalebu tembung yogyaswara :
- Wira wiri, bola bali, warna warni, sarwa sarwi, lsp amarga Ora nduwe teges lanang wadon
- Mulyana Mulyani, Wahyana Wahyuni, Susanto Susanti, lsp amarga kalebu jeneng wong
- Yayah wibi, yayah rena, jaka rara, jalu wanita, lsp amarga panulisan lan pangucape beda uga ora tiba swara “a” lan “i”