Get Even More Visitors To Your Blog, Upgrade To A Business Listing >>

Tembang Pucung lan Batangane | Bapak Pucung dan Jawabannya


Tembang Pucung merupakan salah satu jenis tembang macapat. Selain memiliki watak jenaka, tembang Pucung juga dapat berisi tebak-tebakan (Cangkriman) dan banyak digunakan untuk memberi nasihat serta berbagai ajaran untuk manusia agar mampu membawa diri dalam mengarungi kehidupan secara harmonis lahir dan batin. Tebakan yang ada di tembang macapat Pucung (Cangkriman sinawung tembang Pucung) biasanya dimulai dengan kata-kata "Bapak Pucung".


Berikut beberapa tebakan di tembang Pucung disertai jawaban

Bapak pucung buntut dawa sirah gembung Mbanterake swara Lamun urip nganggo listrik Munggah panggung saben ana adicara Batangane : Microphone Bapak pucung mlungker mlungker dudu kalung Manggonmu ing tangan Jarum mlaku rina wengi Ngembrug wektu si pucung kagungan guna Batangane : Jam Tangan Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung Dawa kaya ula Pencokanmu wesi miring Sing disaba si pucung mung turut kutha Batangane : Sepur Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung Ngambah jumantara Kaya manuk rajawali Wira-wiri nggawa barang lan manungsa Batangane : Montor Mabur Bapak pucung tanpa untu darbe siyung Badanira panjang Tutukira pan pesagi Dina-dina pucung nedha buntutira Batangane : Sabuk/Setut Bapak pucung isih enom klambi gadhung Yen wis rada tuwa Si pucung klambine kuning Tuwa pisan si pucung klambine abang Batangane : Mlinjo Bapak pucung amung sirah lawan gembung Padha kinunjara Mati sajroning ngaurip Mijil baka si pucung dadi dahana Batangane : Penthol Korek Bapak pucung endi elor endi kidul Laku tapa brata Mung kepingin bisa malih Dadi kupu si pucung wedharing tapa Batangane : Enthung Bapak pucung dudu watu dudu gunung Sabamu ing alas Ngon-ingone sang bupati Prapteng marga si pucung lembeyan grana Batangane : Gajah Bapak pucung cangkemu madhep mendhuwur Sabamu ing sendhang Pencokanmu lambung kering Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya Batangane : Klenthing/Jun Bapak pucung bunder-bunder saka pohung Isi gula jawa Dipangan sajak mirasa Mung ing Jawa panganan iki kang ana Batangane : Jemblem

Vidhiyo Cangkriman Bapak Pucung lan Batangane


Bapak pucung laire tinitah bisu Lamun rinaketan Pinarsudi den temeni Mung sarana pinandeng wruh basanira Batangane : Layang/tulisan Bapak pucung rupane amemba gunung Tan ana kang tresna Kabeh uwong mesthi sengit Kang kanggonan den lus-elus tinangisan Batangane : Udun Bapak pucung maca nulis klawan ngetung Digegem diasta Kanggo matur klawan nguping Saben-saben si pucung dahare arta Batangane : Handphone Bapak pucung sasedulur ana pitu Tan ana kang padha Mati enem urip siji Dulur pitu tan nate urip barengan Batangane : Dina (hari) Bapak pucung putrane bapa lan biyung Nanging dudu kakang Dudu mbakyu dudu adhi lan batangen bapak pucung iku sapa Batangane : Aku dhewe Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung Tangan papanira Nuduhake rina wengi Lamun mati bingung wektu sang bendara Batangane : Jam Tangan Bapak pucung gedhe dhuwur sikil bumbung Siyunge kang dawa Kuping amba mripat cilik Yen lumaku si pucung lembeyan grana Batangane : Gajah Bapak pucung saben dina tansah bingung Badanira panjang Tutukira pan pesagi Saben dina pucung nguntal buntutira Batangane : Sabuk





This post first appeared on Sekedar CoretanQ, please read the originial post: here

Share the post

Tembang Pucung lan Batangane | Bapak Pucung dan Jawabannya

×

Subscribe to Sekedar Coretanq

Get updates delivered right to your inbox!

Thank you for your subscription

×