Get Even More Visitors To Your Blog, Upgrade To A Business Listing >>

Tembang Dolanan


Tembang dolanan yaiku salah sijine Tembang sing lumrahe di tembangake bocah-bocah nalika Dolanan, utamane bocah-bocah ana ing padesan sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane lan bisa sinambi solah bawa. Ing jaman biyen, bocah-bocah dolanan ing latar ora mung wayah awan lan sore, nanging uga wayah wengi nalika padhang rembulan. Lumantar Tembang Dolanan, bocah-bocah dikenalake ngenani sato kewan, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lan sapanunggalane. Tembang dolanan uga diarani tembang gagrag anyar sing ora nganggo paugeran gatra,guru lagu, lan guru wilangan. Titikane (ciri-ciri) Tembang Dolanan 1. Basane prasaja --- Berbahasa sederhana 2. Cengkoke prasaja --- Bercengkok sederhana 3. Cacahe gatra mung sithik --- Jumlah baris kalimat sedikit 4. Jumbuh karo umure bocah--- Sesuai dengan usia anak 5. Lumrahe sipate bungah --- Umumnya bersifat menyenangkan 6. Cakepan gampang diapalke--- Lirik lagu mudah dihafal 7. Ngemu pitutur, patuladhan, tata susila --- Mengandung nasihat, percontohan, tingkah laku TULADHA/CONTOH TEMBANG DOLANAN : 1. Bang bang tut 2. Bebek adus kali 3. Cublak cublak suweng 4. Dhondhong apa salak 5. Gethuk 6. Gotri legindri 7. Irisan tela 8. Jago kluruk 9. Jamuran 10. Jaranan 11. Kidang talun 12. Kodok ngorek 13. Kucingku telu 14. Kupu kuwi 15. Menthog-menthog 16. Ndhog-ndhogan 17. Panas-panas mlaku 18. Sluku sluku bathok


Selengkapnya di video





This post first appeared on Sekedar CoretanQ, please read the originial post: here

Share the post

Tembang Dolanan

×

Subscribe to Sekedar Coretanq

Get updates delivered right to your inbox!

Thank you for your subscription

×