Get Even More Visitors To Your Blog, Upgrade To A Business Listing >>

Tembung Wilangan | Wilangan Babon Susun Pecahan


Tembung Wilangan yaiku tembung kang mratelakake utawa nerangake gunggung/cacah/undha usuk (tingkatan).

Tembung wilangan digunakake kanggo ngetung cacahe wong, kewan, barang, lan liya-liyane. Tuladhane : Siji, sanga, seprapat, kapisan, akeh, sithik, lsp.

 

PERANGANE TEMBUNG WILANGAN

1.     Tembung Wilangan Babon

a.    Wilangan Kumpulan yaiku tembung wilangan kang ngandhakake kumpulan wilangan. Tuladhane : limalas, telulikur, selawe, telungewu, lusin, kodhi, lsp.

b.    Wilangan Sadhengah yaiku tembung kang ngandhakake wilangan sing durung genah cacah utawa gunggunge. Tuladhane : akeh, sethithik, saabreg, kathah, sacuwil, lsp.

2.    Tembung Wilangan Susun Tembung Wilangan Susun yaiku tembung wilangan kang ngandharake undha usuk utawa urutan. Tuladhane : Kapisan, kapindho, kaping telu, kaping papat, kaping pitu, lsp.

3.    Tembung Wilangan Pecahan Tembung Wilangan Pecahan yaiku tembung wilangan kang gunggunge (jumlah) ora nganti siji. Tuladhane : Seprapat, setengah, telungprapat, saprotelon, rongprotelon, lsp


4.   




This post first appeared on Sekedar CoretanQ, please read the originial post: here

Share the post

Tembung Wilangan | Wilangan Babon Susun Pecahan

×

Subscribe to Sekedar Coretanq

Get updates delivered right to your inbox!

Thank you for your subscription

×